Perpisahan
Kelas 6 SDIT Salman Al Farisi 2
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Alhamdulillahi wakafaa. Washalatu was salaamu ‘alaa
Rasulillahil mustafa. Wa’ala alihi wa ashabihi wa mani’tadaa. ‘Ammaba’d.
Ibu Kepala Sekolah SDIT Salman Al
Farisi 2 ingkang kinurmatan. Bapak/Ibu guru saha karyawan ingkang kula urmati.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kita sami-sami
ngaturaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng
paring kanugrahanipun, satemah kula lan panjenengan sedaya saget kempal
manunggal wonten ing wanci menika ngrawuhi acara Wisuda Kelas 6.
Bapak Kepala Sekolah lan Bapak/Ibu
guru ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin badhe ngaturaken urutaning adicara,
yaiku:
1. Purwaka,
2. Tanggap
wacana saking Ibu Kepala Sekolah,
3. Pentas
seni kelas 6,
4. Atur
perpisahan saking wakil kelas 6,
5. Ndedonga.
Bapak/Ibu tamu undangan ingkang
kinurmatan, mekaten urutaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika.
Adicara ingkang kaping setunggal inggih menika purwaka, summangga kula lan
panjenengan sedaya kawiwitan kanthi maos Basmallah sesarengan. Sumangga.
….…………………………. Waosan Basmallah
………………………………
Adicara ingkang kaping kalih inggih
menika tanggap wacana saking Ibu Kepala Sekolah. Dhumateng Ibu Ika, kasumanggakaken.
….…………. Tanggap wacana saking Ibu Kepala
Sekolah …………………
Matur nuwun dhumateng
panjenenganipun Ibu Ika. Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni
kelas 6, kasumanggakaken.
….…………………..…… Pentas seni kelas 6
……………………….………..
Matur nuwun dhumateng wakil pentas
seni saking kelas 6. Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur
perpisahan saking wakil kelas 6, dhumateng sedherek Azfazaki Hakimi,
kasumanggakaken.
….………………. Atur perpisahan saking
wakil kelas 6 ………………………
Matur nuwun dhumateng sedherek Azfazaki
Hakimi. Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Ing
pungkasan adicara menika, sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti
Allah SWT, kanthi sesarengan maos Hamdallah. Sumangga.
….…………………..………. Waosan Tahmid
…………………..……………
Ing wasana cekap semanten. Dhahar
ketupat ngangge santen, menawi lepat nyuwun pangapunten. Sugeng sonten,
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar